Mangkunagara I

K.G.P.A.A.
Mangkunegara I
Adipati Mangkunagara Ka-1
Linggih
28 Dhésèmber 1757
(Sabtu Legi 5 Jumadilawal 1682 Alip)[1] – 23 Desember 1795
Kang sadurungéOra ana, jabatan anyar
Kang sawiséMangkunagara II
Rerincèn dhiri
LairB.R.M. Said
(1725-04-07)7 April 1725[butuh sitiran]
(Ahad Legi, 6 Ruwah 1650 Jimakir windu Kuntara[1])
Kartasura, Hindhia Walanda
PatiDhésèmber 23, 1795(1795-12-23) (umur 70)
Surakarta, Hindia Belanda
BangsaMataram - Kartasura
SisihanPadmi : K.Rt. Bandara (putri HB I dari selir)
Garwa : Mas R.Ay. Kusumapatahati (=R.Ay. Mangkunagara Sepuh)
Ampil berputra: 6 orang (Nyi Ajeng Megatsari, Nyi Aj. Wirasari, Nyi Aj. Kertasari, Nyi Aj. Wangsasari, Nyi Aj. Puspasari, dan Nyi Aj. Marliyah[1]
Anak25 putra
Wong tuwaK.Pgr. Arya Mangkunagara dari Kartasura
(putra tertua Sunan Amangkurat IV Kartasura)
AgamaIslam
Papan jeneng Raden Mas Said ing Surakarta kang dimupangatake kanggo jeneng dalan

Mangkunagara I ingkang kawastanan Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara I (Hanacaraka: ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂ​ꦪꦩꦁꦑꦸꦟꦒꦫ꧇꧑꧇) utawi Pangéran Sambernyawa utawi Radèn Mas Said (miyos ing Kartasura, 7 April 1725 – séda ing Surakarta, 28 Dhésèmber 1795 kanthi yuswa 70 taun) inggih punika raja lan pangadeg kraton Mangkunagaran. Ramanipun asma Pangéran Arya Mangkunagara Kartasura lan ibunipun R.A. Wulan. Jejuluk Pangéran Sambernyawa dipunparingaken déning Nicolaas Hartingh, gupernur VOC, amargi wonten ing paprangan, RM. Said tansah mimpang lan andamel pepati tumrap mengsah-mengsahipun. Mangkunagara I dhaup kaliyan satunggaling tani Rubiyah, ingkang misuwur kanthi jejuluk "Matah Ati". Mangkunagara I maréntah wewengkon Kadhaung, Matesih, Hanggabayan, Sembuyan, Gunungkidul, Pajang sisih lèr lan Kedhu. Panjenenganipun mengku praja 40 taun, lan séda ing tanggal 28 Dhésèmber 1795.

Mangkunagara bélani kaum baléla wiwit taun 1740 (nalika panjenengané umur 14 taun) kasengkuyung dening Rangga Panambangan lan terus mersudi nganti taun 1757 (umur 31 taun). Mungsuh-mungsuhe sakawit ya iku Susuhunan Pakubuwana II (jumeneng ratu 1726-1749) lan Kumpeni Walanda (VOC).

Sakawit Mangkubumi nentang Mangkunegara. Sawise Mangkubumi dhewe balela taun 1746, kalorone sekuthon nglawan Keraton Kasunanan Surakarta lan VOC. Mangkubumi ya iku pengadeg kang luwih tuwa, déné Mangkunagara kadhapuk minangka sénapatiné. Mangkunagara dadi salah sawijining pengadeg militèr kang pinunjul lan pengalaman sadawane sejarah Jawa. Sutresnanè utawa pandhemené kang akèh banget.

Ing taun 1755 tumeka taun 1757, sarampungé perang antara keraton Surakarta lan Mangkubumi, keraton Surakarta malah dadi luwih reja. Nanging Susuhunan Pakubuwana III nembe ngancik yuswa 25 taun lan mèh tanpa pengalaman perang) lan kudu ngakoni kasorané dibandhingake kalawan pamané, Sultan Mangkubumi, ing Yogyakarta kang ngancik yuswa 40 taun. Dadi panjenengané ngundang Mangkunagara kang ngancik yuswa 31 taun lan sawijining sénopati kang kaloka kanggo ngajak rukun lan manggon ing Surakarta kanggo neguhaké kreatoné. Asile Mangkunegara lumebu Surakarta, ninggalaké kagiyatané kang ubet ana perang lan jumeneng dadi Pangéran Miji, ya iku pangéran kang kalungguhané luwih dhuwur drajaté tinimbang pangéran liyané.

  1. a b c Sumahatmaka et al. 1973. Pratelan Para Darah Dalem Soewargi Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati <arja Mangkoenagara I hing Soerakarta Hadiningrat: Asalsilah djilid I. Mangkunegaran. Surakarta.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search